Sabtu, 01 Maret 2014

geguritan

Ngendhikane         simbah  
 dening aparacita

 Ngendhikane simbah dhisik
Bangsa iki gemah ripah loh jinawi
Subur makmur kang sarwa tinandur
Nanging saiki,aku dadi ora percaya 
Apa bener ngendhikane simbah kae 
Bangsa iki sajak wis owah
Akeh wong padha sengsara
Akeh wong padha oleh memala
Banjir bandang,lemah-lemah padha nela
Rasa tepa slira apadene andhap ashor wis sirna
Amung kari ati trenyuh,sedih,lan sengsara
Kang ninggal carita lapa



KARTINI
Dening S.nurhayati ngatiyo
 


Prastawa duh kita
Kang dipengeti saben tanggal selikur april
pancen gawe geter anggugah rasa
moncering kembang mlati sagagang
mekar semarak arum angambar
thukul nyawiji ing satengahing grumbul
eman kagubel adat pingitan
 kapager ruji kurungan wesi
wusana oncat kanthi tangis melas asih


wektu iku langit peteng mendhung nggameng
para wanita angles lemes tanpa daya
urip keranta-ranta kabotan pinjung
kagubel adat pingitan
tan ana keliping lintang pepadhang
amung thathit sacleretan
jalaran KARTINI katimbalan gusti

KARTINI darbe tekad utama
miyak grumbul pepetenging wanita
klawan panggayuh suci
ngudi kamardikaning pawestri

Tidak ada komentar:

Posting Komentar